kothak pirantiBasa liyane
|
Wikipedia:Warung Kopi
[sunting] Opsis utawa kuncèn anyarMangga para sutresna, nyoblos para calon opsis anyar: TracySurya lan Pras. Meursault2004ngobrol 06:03, 12 Januari 2008 (UTC)
Suwun-suwun! Meursault2004ngobrol 17:30, 14 Januari 2008 (UTC) [sunting] Panrapan foném /dh/Aku naté ngobrol-ngobrol karo déwan rédaksi kalawarti Damar Jati lan jaré yèn nulis tembung-tembung silihan, "d" iku ora usah tinulis "dh". Wah iki béda karo sing tak-sinaoni nalika isih SD mbiyèn. Nèk ora luput kalawarti Mekar Sari uga nganggo pasang aksara "dh" ya, contoné ing tembung silihan kaya ta "dhokter" (saka basa Eropah), "pendhidhikan" (basa Indonesia), "judhul" (basa Arab) lan sabanjuré. Meursault2004ngobrol 17:56, 4 Februari 2008 (UTC)
Sayektinipun ingkang baken punika boten. Cara panyeratan "mboten" punika kénging pengaruh basa sadinten-dinten. Nanging kula langkung remen nyerat "mboten" déning pengaruhipun basa Jawi Kina. Conto sanèsipun nami-nami papan ing pulo Jawi kerep dipun-nasalisasi menawi foném awal punika mawi swara kados ta "Blora" dipun-mungel "mBlora", "Bangil" dados "mBangil", "Demak" dados "nDemak", lsl. Menawi kula tetep nyerat "punika" senadyan dipun-mungelaken menika, awit puniki basa seratan :-) Sayektinipun wonten buku paugeran saking Pusat Bahasa Yogya. Sayangipun bausastra Pusat Bahasa mboten pepak. Ingkang langkung pepak punika bausastra Pigeaud – Poerwadarminta tahun 1939. Bausastra puniki ugi saged dipun-dadosaken paugeran amergi nalika iku Indonesia dèrèng mardika lan dados pengaruhipun dèrèng kathah. Kula sayektinipun péngin ngamot bausastra punika ing Wiktionary utawi Wikisource nanging bausastra punika taksih kareksa hak cipta senadyan terbit mèh 70 taun kapengker. Poerwadarminta séda ing taun 1964 lan Pigeaud ing taun 1988. Dados paling cepet bébas hak cipta ing taun 2014. Dados taksih 5 taunan malih. Meursault2004ngobrol 17:02, 12 Februari 2008 (UTC) [sunting] Belum ada Babel??Halo para pengguna Wiki-jv pertama tama saya ingin menyampaikan Maaf saya belum bisa berbahasa Jawa jadi Bahasa Indonesia saja. Apakah di Wikipedia-jv ini ada Wikipedia:babel?? 125.160.123.69 10:53, 13 Februari 2008 (UTC) (Fjr ab gak bisa login) [sunting] Airport ing basa JawaAirport ing basa Jawa iku beciké diarani apa? Aku kerep maca ing kalawarti contoné Damar Jati tembung "Bandara" saka basa Indonesia, nanging kok rumangsaku kurang sreg, amerga tembung iki ing basa Jawa uga nduwé teges liya yaiku tuwan. Dadi kepriyé ya énaké? Meursault2004ngobrol 13:09, 22 Februari 2008 (UTC)
Kulo nderek usul menawi kanthi othak-athik utawi kanthi Jarwo Dosok meniko : "Alun-alun Montor Mabur" (AMBUR), Lapangan Mabur (LABUR) Katulis déning 125.162.132.48 ing 25 Februari 2008, 19:12
[sunting] BetawikiCurrently 18.20% of the MediaWiki messages and 0.31% of the messages used in the extensions used by the Wikimedia Foundation have been localised. Please help us help your language by localising the MediaWiki messages at Betawiki. Thanks, GerardM 12:41, 8 Maret 2008 (UTC)
as an editor who is a native speaker of another language and who edits with the interface set to use it, this would be much appreciated. mostly things are clear enough. cheers, Jack Merridew 13:37, 2 Juli 2008 (UTC)
[sunting] SAKUKUBAN NGAYOGYAKARTADurung suwe iki pangripta duwe gagasan mungguh tlatah sakukuban Ngayogyakarta bakal ngalami owah-owahan. Ora tembung ngayawara utawa golek perkara sing ora nyata. Lire mangkene, kawiwitan seka tahun 1974 tekan 1976 pangripta duwe kesenengan kang rada aneh yaiku seneng dolan. Tujuan dolan mligi ana tlatah pesisiran kidul antarane sowangan kali Opak tekane kali Praga. Naliko semana pangripta nganggo ancer-ancer ana sowangan kali Opak, elingku rikala semana sowangan kali Opak iku persise cedhak karo papan pasujarahan Glinggang persise kidule. Saiki papan kanggo wisata mina utawa dadi papan nelayan iwak laut, lan uga dadi papan bujana ing pinggir laut kang kuwentar jenenge Depok, Parangtritis, Kretek, Bantul. Kenangapa papan iki pangripta nyebutake ancer-ancer. Merga menawa padha digatekake saikine sowangan kali Opak papane pindhah rada mangulon malah nganti meh mlebu laladan Samas, Sanden, Bantul kang tegese mundhake saya mangulon kanti wektu kang cepet banget udakara 32 tahun. Kamangka sowangan kali Praga dhewe uga rada owah lakune arah mengetan ancer-ancere saka tlatah papan wisata Trisik, Kulonpraga. Nanging sowangan kali Praga mono ora pati nyolok banget anggone pindhah arah mengetan. Ing kalodhangan becik iki pangripta kepengin ngajak para maos mligine WIKIwan lan WIKIwati, kepriye mungguh panemu panjenengan kabeh sesambungan karo seratan ing dhuwur. Cethane pangripta ngejak para maos kabeh duwe rasa kawigaten babagan owah-owahan kang disebabake dening alam. Apa kedadeyan kaya mangkono iku kalebu merga pegawaian manungsa dhewe utawa pancen tandha-tandha alam. Luwih terwaca maneh pangripta aturake aja-aja sasuwene sowangan kali Opak lan kali Praga padha dene owah sabanjure bakal ketemu dadi siji utawa GATHUK dadi siji terus apa kang bakal kedadeyan ana ing tlatah Ngayogyakarta sakukuban. Gambarane mangkene punjerane kali loro mau sumber tuk padha seka gunung Merapi banjur ketemu gathuk dadi siji sowangan ana segara kidul. Lha gambarane kaya ngene iki kang pangripta dadi osiking pikir. Menawa kedadeyan lumpur Sidoarjo cetha seka pegaweyane manungsa kang kurang ati-ati. Nanging kedadeyan ing tlatah Ngayogyakarta mengkone muga-muga ora bakal kedadeyan apa-apa, aja nganti merga salah sithik merga tangane manungsa alame dadi rusak. Pangripta nyuwun wiwit saiki ayo diugi amrih padha tansah amemayu hayuning bawana khususe ing tlatah Ngayogyakarta. NUWUN. Pindhahan saka Dhiskusi:16 déning Pukas hermanto ing 08:10, 18 Maret 2008 --203.190.112.10 08:15, 27 Maret 2008 (UTC) [sunting] Purwosari, Blora, Bloranyuwun tulung, kulo badhe madosi rencang kulo wonten ing desa purwosari. naminipun nanik. nate kuliah teng ums. kulo rencangipun les komputer teng pat ungaran. nami kulo agung. menawi leres wonten ing desa puniko, tulung kulo dipun kabari lewat e-mail agung_pr4kuso@yahoo.co.id matur nuwun. [sunting] Open University ing basa JawaOpen University iku apiké dipertal apa ing basa Jawa? "Univèrsitas Kabuka" utawa Univèrsitas Terbuka waé kaya ing basa Indonesia? Meursault2004ngobrol 12:50, 27 Maret 2008 (UTC)
Pilihané antara liya:
Biasané nèk wis mentok ya diserap waé langsung saka basa sing wis dimangertèni umum.Pras 13:20, 27 Maret 2008 (UTC)
[sunting] BADHE MADOSI SEDHEREK ING BATAMKulo saking tlatah Ngayogyakarta Hadiningrat, kepéngin sanget kepanggih sedhèrèk kulo asmanipun SUBAGYO. Piyambakipun sampun dangu lenggah wonten tlatah Batam, papan pidalemipun ing Koperasi Tiban. Nanging kulo kepéngin nyambet pasedhèrèkan lumantar WIKIPEDIA. Mugi-mugi kulo saget manggihaken lan rumaos remen sanget menawi saget sesambetan malih kanthi rumaket anggèn sami kekadangan. Kulo diparingi asma kaliyan tiyang sepuh Pukas Hermanto, ingkang cumondhok wonten ing sawingkinging Malioboro kelebet kampung Sosrodipuran, Sosromenduran, Gedongtengen. Monggo-monggo anggen kulo panjenengan sedaya sami ngraketaken pasedhèrèkan, kadospundi kemawon kulo panjenengan tetep mbetahaken kekadangan sababipun kulo panjenengan lahir dipun reksa saking pambiyantunipun sedherek sanes. Matur nuwun.--Pukas hermanto 04:06, 3 April 2008 (UTC) [sunting] Wikibooks JawaPara sutresna, mangga padha-padha ndhèrèk ngisi Wikibooks Jawa supaya bisa dadi proyèk dhéwé. Yèn aku dhéwé bingung, arep nulis apa ... Nanging sajatiné potènsiné akèh. Sok-sapaa sing kurang sreg nulis artikel ènsiklopédi bisa njajal ing kono. Meursault2004ngobrol 21:01, 12 April 2008 (UTC)
Mangga padha mirsani kaca iki. Tak-kira yèn diterusaké mengko Wikibooks basa Jawa sajroning wektu 2 sasi bisa dadi kanyatan. Sing wigati ana aktivitas rutin déning minimal wong lima cacahé. Meursault2004ngobrol 20:49, 27 April 2008 (UTC)
Matur nuwun penjelasané, mengko sing ana ing Wikibooks lan durung ana anotasiné bisa ditambahi sithik-sithik.Pras 23:55, 28 April 2008 (UTC)
Nyuwun séwu, rasané aku kok kaya tinggal glanggang colong playu seka wikibook (lan wikipedia) he he he. muga-muga bisa kaleksanan.... ang 05:57, 29 April 2008 (UTC)
[sunting] Perkara jeneng saka basa asing manèhAku arep nulis artikel perkara sawijining kali sing ing Éropah diarani kali Rhine ing basa Inggris. Nanging masalahé ... kali iki ora ngliwati negara Inggris. Kali iki ngliwati Swiss, Prancis, Jerman lan Walanda. Ing basa Prancis diarani Rhin, basa Jerman Rhein lan ing basa Walanda Rijn utawa biyèn Rhijn. Nah énaké diarani apa ya? Yèn nalaré nurut basa Walanda. Kena apa? Awit wong Jawa iku dipengaruhi telung budaya ngamanca wigati: Budaya India, Wétan Tengah lan Kulon. Budaya India iku mawa basa Sangskreta, budaya Wétan Tengah iku mawa basa Arab lan Budaya Kulon iku mawa basa Walanda lan uga basa Inggris. Nanging miturut tradhisi budaya Walanda luwih menang amerga luwih suwé dunungé ing Tanah Jawa. Kepriyé panggalihé para sutresna liyané? Matur nuwun sadurungé. Meursault2004ngobrol 19:07, 15 April 2008 (UTC)
Sarujuk waé, nanging ana panemu sithik piyé nèk di jawakké sisan dadi Rin waé dadi ora pilih kasih .. hehe? dadi miturut pocapan jawa. Tak golèki nèng Pedoman Umum Ejaan Bahasa Jawa yang disempurnakan ya ora ana paugerané tumrap panulisan unsur serapan sing kaya kasus iki. Aku dadi éling ana wacan lucu sithik tumrap basa Inggis Eropa ing Ahajokes.Pras 02:04, 16 April 2008 (UTC)
[sunting] Election Notice, Please TranslateThe 2008 Board election committee announces the 2008 election process. Wikimedians will have the opportunity to elect one candidate from the Wikimedia community to serve as a representative on the Board of Trustees. The successful candidate will serve a one-year term, ending in July 2009. Candidates may nominate themselves for election between May 8 and May 22, and the voting will occur between 1 June and 21 June. For more information on the voting and candidate requirements, see <http://meta.wikimedia.org/wiki/Board_elections/2008>. The voting system to be used in this election has not yet been confirmed, however voting will be by secret ballot, and confidentiality will be strictly maintained. Votes will again be cast and counted on a server owned by an independent, neutral third party, Software in the Public Interest (SPI). SPI will hold cryptographic keys and be responsible for tallying the votes and providing final vote counts to the Election Committee. SPI provided excellent help during the 2007 elections. Further information can be found at <http://meta.wikimedia.org/wiki/Board_elections/2008/en>. Questions may be directed to the Election Committee at <http://meta.wikimedia.org/wiki/Talk:Board_elections/2008/en>. If you are interested in translating official election pages into your own language, please see <http://meta.wikimedia.org/wiki/Board_elections/2008/Translation>. For the election committee,
Komisi Pamilihan Déwan 2008 ngumumaké prosès pamilihan 2008. Para Wikimediawan bakal duwé kasempatan kanggo milih sawijining kandidat saka komunitas Wikimedia supaya bisa dadi wakil ing Déwan Kapercayan. Kandidat sing suksès bakal nglakoni mangsa bekti sataun, lan bubar ing Juli 2009. Para kandidat pareng nominasi awaké dhéwé kanggo pamilihan iki antara 8 Mei lan 22 Mei, lan coblosané bakal dianakaké antara 1 Juni lan 21 Juni. Kanggo informasi sabanjuré ing sarat-sarat coblosan lan nominasi kandidat, mangga mirsani <http://meta.wikimedia.org/wiki/Board_elections/2008>. Sistém pamilihan sing bakal ditrapaké mengko durung dikonfirmasi, nanging kepriyé waé pamilihané bakal lubèr lan karahasyané bakal dicekel teguh. Swara-swara pancoblosan dianakaké lan diétung in sawijining server bébas lan mardika sing didarbèni déning partai katiga, Software in the Public Interest (SPI). SPI sing bakal nyekel kunci kriptografis lan sing tanggung jawab ngétung swara lan nyerahaké kasil final pétungan swara menyang Komisi Pamilihan. SPI nalika pamilihan taun 2007 uga mènèhi pitulung sing sampurna. Informasi sabanjuré bisa ditemokaké ing <http://meta.wikimedia.org/wiki/Board_elections/2008/en>. Pitakonan bisa diajokaké marang Komisi Pamilihan ing <http://meta.wikimedia.org/wiki/Talk:Board_elections/2008/en>. Menawa panjenengan katarik mretal kaca-kaca resmi pamilihan iki ing basa panjenengan, mangga mirsani <http://meta.wikimedia.org/wiki/Board_elections/2008/Translation>. Kanggo komisi pamilihan,
[sunting] Status VolkovBotVolkovBot senadyan ora nyuwun status bot perlu ora diparingi sacara unilateral? Meursault2004ngobrol 20:07, 14 Mei 2008 (UTC)
[sunting] SULWingi tanggal 27 Mei 2008, SUL utawa single unified login wis diimplementasi. Dadi saiki kabèh panganggo namung prelu log mlebu ping siji waé. Mulané ujug-ujug kok akèh rékening anyar sing digawé. Meursault2004ngobrol 04:59, 28 Mei 2008 (UTC) [sunting] SugengrawuhGegandhèngan karo implementasi SUL, saiki akéh panganggo anyar sing ora bisa basa Jawa (jv0),nanging mbokmanawa bisa mbiyantu ing babagan bot utawa program. Miturut standar etika samesthiné kita tetep kudu ngaturaké pambagya sugeng rawuh, piyé nèk ngangggo cithakan Sugeng Rawuh multibasa, paling ora jv, id lan en?. Wis tak jajal gawe ing kéné. Nyuwun panemuné.Pras 23:42, 29 Mei 2008 (UTC)
Hehe iya bener, kuwi mung tak copy paste saka id lan en. Iku mung idé wae, sebab kaya Janwo kuwi jv-0 nanging wis njajal gawe rintisan artikel anyar Leipzig. Mengko yèn ana wektu lodhang tak jajalé "ngindonesiaaké lan nginggrisaké saka atur pambagya ing basa Jawa. Matur nuwun!Pras 07:54, 30 Mei 2008 (UTC)
[sunting] Artikel lan gambar pilihan Juni 2008Artikel lan gambar pilihané apa ya kanggo sasi Juni iki? Meursault2004ngobrol 09:35, 2 Juni 2008 (UTC)
Kula nggih sarujuk, perang punika kedadosanipun ing wulan Juni dados wonten gandhèng cènèngipun. Sanèsipun menika ugi sampun radi pepak. Menawi téma gambar pilihan wulan Juni, punapa wonten gambar saé ingkang magepokan kaliyan Pancasila?, utawi téma pemanasan global?, tokoh ingkang lair wulan Juni?, utawi téma punapa kémawon waton saé.Pras 01:23, 3 Juni 2008 (UTC)
[sunting] Cithakan Kecamatan (usul owah-owahan Panganggo Jack)(Kudu rada mentheleng, soale nganggo cara Inggris :D ) Please look at the following;
I have brought w:id:Template:Kecamatan and the meat, '-2', over from id:wp and set up 2 test pages in my user space. The idea is we work on the names and such and replace the current {{Kecamatan}} with these once they're ready to deal with all the 2,000+ usages that are extant out there. We need to talk through just what fields are needed and what their names should be. We probably also need to support the bahasa Indonesia names of places because there will probably always be stuff using them as more is ported over from id:wp. Other issues include different naming conventions such as 'Distrik' instead of 'Kecamatan' in Papua, and various usages of Kampung vs Nagari vs Desa (and Désa). So, feedback welcome; invite others, too. Cheers, Jack Merridew 10:26, 21 Juni 2008 (UTC) Diunggah saka kaca panganggo Pras, mbok manawa bisa dadi bahan dhiskusi. Praswicara11:14, 22 Juni 2008 (UTC)
[sunting] Migrasi gedhènNyuwun duka para sutrisna, yèn wekasan iki ana migrasi rada gedhèn-gedhènan, utamané ing artikel-arikel geografi, kothak info lan kothak navigasi. Bab iki katon sepélé nanging sayektiné wigati utamané kanggo nggayuh konsistensi (relatif) jroning panggunaan basa Jawa. Sakjané ya éman amarga nguras kapasitas storage ing server lan nimbulaké flooding ing kaca owah-owahan, nanging kanggo kapentingan sing luwih utama ing mangsa ngarep, tak kira ora dadi perkara. Mumpung ana sing kersa ngréwangi yakuwi Om Jack sing mumpuni babagan program lan sengkud nyunting. Matur nuwun kanggo om Jack, lan sepisan manèh nyuwun gunging pangaksama, yèn sarujuk mangga dikroyok ramé-ramé bèn wpjv saya èdi lan pepak.Pras 23:29, 26 Juni 2008 (UTC)
[sunting] Wikisource JawaSajaké Wiki source Jawa wis wayahe diisi, sing rada gampang ngisi sumber sing ora dilindungi hak cipta kaya tafsir Al-Qur'an basa Jawa lan Injil basa Jawa. mBokmanawa mbak Tracy lan Mas Ang bisa miwiti nyicil? Pras 14:38, 21 Juli 2008 (UTC)
Inggih mbak, kedah naskah ingkang boten gadhah hak cipta utawi sampun daluwarsa (watawis 100 taun?) mas Revi ingkang langkung uninga. Wonten ing Wikisource Malaysia sampun dipun isi terjemah al Quran, nanging manawi boten lepat ingkang lisensinipun sampun kagunganipun pemerintah dados DU. Saran saking satunggilipun opsis Wikisource John Vandenberg umumipun dipun wiwiti naskah donga "Kanjeng Rama", waah punika ingkang paling pas inggih mbak Tres hehe.. Piyambakipun ugi nangledaken terjemah injil ing basa Jawi. Pras 05:24, 22 Juli 2008 (UTC)
Hi all; I've been talking with John about this on en:s and if I can help here, please let me know. Cheers, Jack Merridew 08:41, 22 Juli 2008 (UTC)
[sunting] Kategori:EjaanArtikel ing kategori puniki (kalebet Ejaan Anyaran lan Paugeran baku punapa mboten nggih? Sejatosipun artikel puniki saé lan migunani sanget lho. Dados niki siyos badhé pun pindah isinipun ing wikibooks punapa dipuntata/dipungabung dados setunggal artikel ingkang komplit? Pripun nggih saénipun? Kula piyambak mboten gadhah buku setunggal kémawon ingkang ngamot ejaan lan paugeran basa Jawi. Kala rumiyin namung pikantuk pelajaran punika saking guru basa dhaérah. Tracy 07:55, 22 Juli 2008 (UTC) |