kothak pirantiBasa liyane
|
Wikipedia:RingkesanNalika nyunting sawijining artikel ing Wikipedia, ana sawijining kothak kothong kang dilabel "Ringkesan" pas sangisoré kothak teks. Wanguné kaya mangkéné: Kothak iki dikarepaké minangka cathetan ringkes ngenani owah-owahan apa kang nembé diayahi. Teks kang tinulis ing kéné, maksimal 200 aksara, bakal muncul jroning kaca Owah-owahan, ing sajarah kaca (sajarah penyuntingan kaca kasebut), jroning kaca diff, lan ing daftar pilihan panganggo kang lagi mantau artikel kasebut. Delengen m:Help:Edit summary kanggo informasi luwih jangkep ngenani fitur iki. Kanthi anané ringkesan iki, panganggo liya bakal luwih gampang jroning mriksa, lan ndeleng kaca ing kaca owah-owahan. Supaya digatèkaké conto ing ngisor iki, bisa dipirsani bédané antara ngisi ringkesan panyuntingan lan ora ngisi ringkesan panyuntingan ing kaca owah-owahan: Ngisi ringkesan panyuntingan: Ora ngisi ringkesan panyuntingan: Bisa dipirsani yèn kanthi ngisi ringkesan, bisa nggampangaké panganggo liya mirsani owah-owahan apa waé kang diayahi ing saben artikel. (delengen uga daftar cekakan kang sering dipigunakaké ing ringkesan suntingan). [sunting] Ringkesan suntingan otomatisRingkesan suntingan otomatis kuwi ringkesan suntingan kang diwènèhké déningMediaWiki sacara otomatis. Ing ngisor iki daftar ringkesan suntingan kang digawé otomatis déning MediaWiki
[sunting] Delengen uga |