kothak piranti |
Wikipedia:Ngamot gambarPanjenengan bisa ngamot gambar ing sajroning Wikipedia kanggo nambah referensi utawa luwih njlèntrèhaké sawijining tulisan. Sadurungé ngamot gambar, supaya digatèkaké lan dituruti pituduh ing kawicaksanan panggunaan gambar ing Wikipedia. Élinga yèn sebagéan gedhé gambar kang panjenengan temokaké ing Internet kuwi nduwèni hak cipta lan amarga saka kuwi ora layak diamot ing Wikipedia. Yèn panjenengan ora bisa mènèhi informasi bab status hak cipta sawijining gambar, aja ngamot gambar kasebut. [sunting] Cara ngamot gambarGunakaké menu "Unggah" ing kothak peralatan ing sisih kiwa layar. Menu iki bakal nampilaké formulir kanggo ngunggahaké file kang bisa dipigunakaké kanggo ngamot gambar menyang Wikipedia.
Sawisé kabèh isian kasebut diisi utawa dipilih, pencèt tombol "Muatkan berkas". Prosès ngunggahaké gambar kadhangkala rada suwé, utamané yèn konèksi Internet alon. Sawisé rampung, panjenengan bisa migunakaké gambar anyar mau jroning artikel. [sunting] Delengen uga |