kothak pirantiBasa liyane
|
SisiliaSisilia (basa Italia: Sicilia) kuwi sawijining dhaerah otonomi Italia lan pulo paling gedhé ing Segara Tengah, kanthi jembar wewengkon 25.703 km² lan 4.968.991 pedunung.
[sunting] Kutha-kutha ing SisiliaKutha-kuthaa wigati ing Sisilia yakuwi sang ibukutha regione, Palermo lan ibukutha-ibukutha provinsi yakuwi Catania, Messina, Siracusa, Trapani, Enna, Caltanissetta, Agrigento, Ragusa. Kutha-kutha liyané kang misuwur yakuwi Cefalù, Taormina, Bronte, Marsala, Corleone, Castellammare del Golfo Francavilla di Sicilia, lan Abacaenum (saikiTripi). [sunting] GeografiGunung geni Etna dumunung ing cedhak Catania. Kapuloan Eolie ing sisih lor sacara administratif bagéan saka Sisilia, sarta Isole Egadi ing sisih kulon, Kapuloan Ustica ing kulon-lor, lan Kapuloan Pelagia ing sisih kidul-kulon. Sisilia kawentar jroning rong milenia minangka dhaerah pengasil woh-wohan: Olive (zaitun) lan anggur kuwi kasil agrikultur Sisilia liyané. Pertambangan ing distrik Caltanissetta dadi dhaerah kang ngasilakésulfur kang gedhé ing pungkasan abad ka-19, nanging tansaya mudhun wiwit taun 1950-an. [sunting] Transportasi[sunting] DharatJaringan dalan tol ana ing pulo iki, sebagéan arupa kreteg amarga tlatahé kang dumadi saka dhataran kang akè bukité. [sunting] SepurSisilia kahubung karo semenanjung Italia liwat jaringan sepur kang dilayani déning perusahaan Trenitalia. Sepuré kudu diunggahaké menyang kapal feri dhisik kanggo nyebrang antar pulo. [sunting] UdharaSisilia dihubungkan liwat udhara déning Bandara Internasional Palermo lan Bandara Catania-Fontanarossa. Liyané kuwi uga ana bandara regional kang cilik ing Trapani, Pantelleria lan Lampedusa. [sunting] KasenianSisilia dikenal minangka panggonan seni: akèh penyair lan penulis dilairaké ing tlatah iki, antara liya Luigi Pirandello, Giovanni Verga, Salvatore Quasimodo, Gesualdo Bufalino lan Ignazio Buttitta. [sunting] BasaSebagéan pedunung Sisilia nganggo basa Italia lan bahasa Sisilia. [sunting] Pranala jaba
|
|||||||||||||||