SPQR

Senatus Populusque Romanus
Senatus Populusque Romanus

SPQR iku cekakan saka tembung Latin Senatus Populusque Romanus. Tegesé yaiku: "Senat lan Rakyat Roma."

Ukara iki katulis ing cagak-cagak legiun Roma lan jeneng resmi Republik Roma lan Kakaisaran Romawi. Ukara iki uga katulis ing lambang kutha Roma modern lan mulané uga katulis ing endi-endi, saka tutupan gorong-gorong nganti fasade gedhong-gedhong ing kutha.

Tutupan gorong-gorong Roma karo inskripsi SPQR
Tutupan gorong-gorong Roma karo inskripsi SPQR

Akèh vèrsi sing dicaritakaké bab tegesé cekakan iki, miturut dhéklinasi (takrifan) "R"; Romanus ("Rakyat Roma") lan Romæ ("Rakyaté saka kutha Roma"). Anging sing umum dhéwé katulis ing cagak Trajan: Senatus Populusque Romanus, lan vèrsi iki sing akèh dhéwé dienggo.

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/SPQR"

system wymiany linków wymiana linkami wymiana linkami wymiana linkami SEO Tools tanie kredyty gotówkowe kreatyna Plaza 3 star hotel Los Angeles krynica noclegi Sejm Tyk