kothak pirantiBasa liyane
|
Poznań
Poznań (Jerman Posen) iku sawijining kutha ing Polandia. Kutha iki nduwé pedunung 570.828 jiwa. Kutha sing papané anèng kulon Polandia iki, panggonané ana ing pinggir kali Warta. Poznań iku ibukutha historis provinsi Wielkopolskie. Ibukutha iki pusat indhustri, dagang, lan sains. Ing kutha iki ana universitasé. Kutha iki uga pusat budaya provinsi. [sunting] SajarahPoznań iku wis dienggoni wong 12.000 taun lawasé. Kutha iki uga salah siji kutha Polandia sing tuwa dhéwé. Ing taun 1793 kutha iki dibedhah Prusia lan dicaplok. Sawisé Kakaisaran Jerman diadegaké ing taun 1871, kutha iki dadi kutha Jerman. Banjur sawisé Polandia mardika ing taun 1918, kutha iki dadi tlatah Polandia manèh. Banjur ing taun 1939 nalika Perang Donya II, kutha iki dicaplok Jerman manèh. Sawisé perang dadi Polandia manèh. |
||||||||||||||||||||||||