kothak pirantiBasa liyane
|
Kosovo
Kosovo dadi papan pasulayan wilayah kang isih lumaku antara pamaréntah Serbia lan pedunungé kang mayoritas dumadi saka etnis Albania. Wektu madegé negara Yugoslavia, Kosovo dadi provinsi Serbia kanthi status Daerah Otonomi Khusus. Nanging wiwit Perang Kosovo wis ana ing sangisoré pangawasan PBB minangka sawijining tlatah protektorat.
[sunting] Sajarah[sunting] Jaman kunaKosova dikenal ing jaman kuna minangka Dardania[6] (saka tembung basa Albania dardhë = pear; tegesé Lemah Pear) tumraping suku Illyrian Dardani.[7][8][9][10][11][12] Sumber sajarah nyebutaké sawijining Krajaan Dardania ing abad ka- 4 SM, déné sajarawan Yunani lan Romawi mratélakaké yèn wong kana sregeb, ramah lan duwé kabudayan luhur.[13] Raja-raja kang wigati yakuwi Longarus, Monunius, lan Bato, kang sering nganakaké paperangan nglawan Macedon lan sering olèh kamenangan.[14] Ana uga cathetan perang karo bangsa Celt. Dardania kuwi misuwur bab sumber tambang emas, lan tulisan kuna nyebutaké yèn Dardani minangka tlatah kang ngasilaké watu aji (permata). Kutha gedhé ing jaman semana kalebu Damastion, Naissus (Nis), Scupi (Skopje), lan Ulpiana.[15] Dardania dikuwasani déning Romawi ing abad ka-1 SM. lan nyumbang Kakaisaran Romawi kanthi sawetara kaisar kang misuwur, kalebu Konstantin kang Agung. Agama Kristen wiwit nyebar nalika Niketas Dardani, nyiptakaké buku kidung pujian Kristen kang wiwitan. Ottoman wiwit nguwasani Kosovo awit sumber mineral kang akèh banget ing Kosovo bisa dadi asèt kang wigati tumrap kakaisaran Ottoman. Kakuwasan Ottoman nggawa jaman anyar. Kanthi werna-werna tekanan kayadéné diskriminasi pajek tumrap panganut agama Katulik Roma, sawetara status Greja Ortodok dilindhungi déning Karajaan Ottoman, banjur nuwuhaké konvèrsi gedhèn-gedhènan déning Kristen Albania pada mlebu Islam. [sunting] Perang BalkanIng taun 1912, jroning Perang Balkan, tlatah Kosovo dikuwasani déning Krajaan Serbia, sawetara kuwi tlatah Metohija (basa Albania: Lembah Dukagjini) dikuwasani déning Krajaan Montenegro. Banjur kadadéyan èksodhus para pedunung Albania. Bab iki dipratélakaké déning Leon Trotsky, sawijining wartawan saka koran Pravda wektu jaman semana. Panguwasa Serbia banjur ngrencanakaké bakal nganakaké rekolonisasi tumrap Kosovo.[16] Akèh kulawarga Serbia kang pindhanh menyang tlatah Kosovo, kanggo nyiptakaké kaseimbangan demografi antara pedunung Albania lan Serbia. Akèh pedunung Albania ngungsi menyang tkatah pagunungan lan omah-omah wong Albania lan Turki dirusak. Parebutan manèh tlatah Kosovo dianggep dadi panyebab Perang Kosovo taun 1389. Jroning Konperènsi para Duta ing London taun 1912 kang dipimpin déning Sir Edward Grey, mentri jaban rangkah Inggris, Krajaan Serbia lan Montenegro disarujuki duwèni kadhaulatan ing Kosovo.[rujukan?] [sunting] Proklamasi Kamardikan, 2008Tanggal 17 Februari 2008 Kosovo nyatakaké kamardikan saka Serbia. Kosovo wis nempuh dalan kang rupak kanggo nggayuh kamardikané. Usaha pisanan ing taun 1990 gagal awit diserbu déning Serbia. Tarung kang ora imbang antara Serbia karo gerilyawan Kosovo utawa KLA iki mujudaké anané tragedi pembantaian lan pangungsèn gedhèn-gedhènan. NATO kang dipimpin déning Amérika Sarékat ngusir Serbia kanthi serangan udhara jroning 78 dina. Kosovo banjur direksa déning PBB lan NATO. Usaha kamardikan Kosovo sing pungkasan iki olèh dhukungan saka mèh saprotelon negara-negara Uni Eropa lan Amérika Sarékat. Déné negara kang nulak yakuwi Serbia lan Rusia.[17] [sunting] DemografiMiturut survé Kosovo in Figures 2005 saka Kantor Statistik Kosovo,[18][19][20] Gunngé pedunung Kosovo watara 1.9 lan 2.2 yuta, dumadi saka etnik: Islam minangka agama kang mayoritas, dianut déning mayoritas pedunung ing komunitas etnik Albania, Bosniak, Gorani, lan Turki, lan sawetara wong ing komunitas Roma/Ashkali/Mesir, senajan agama ora pati dadi faktor wigati ing masyarakat. Retorika agama uga ora dadi wacana masyarakat ing komunitas Muslim, mesjid-mesjid ora pati ramé, lan busana lan budaya muslim uga ora pati kawistara. Pedunung Serbia, watara 100,000 nganti 120,000 jiwa, umumé nganut agama Kristen Ortodhok Serbia. [sunting] Pamérangan administrasiSacara administrasi, Kosovo dumadi saka pitung distrik, yakuwi: Distrik Đakovica, Distrik Gnjilane, Distrik Kosovska Mitrovica , Distrik Peć , Distrik Priština , Distrik Prizren lan Distrik Uroševac . [sunting] MunisipalitasKosovo uga dipérang dadi 30 munisipalitas (satingkat Kotamadya):
Kosovo Lor ngukuhi pamaréntahan dhéwé, infrastruktur lan institusi déning etnik Serbia (kang dominan) ing Distrik Mitrovica, yakuwi ing MUnisipal Leposavic, Zvecan lan Zubin Potok lan pérangan lor saka Kosovska Mitrovica. [sunting] KuthaDaftar kutha gedhé ing Kosovo (kanthi data populasi tanggal 31-2-2003):[21]
[sunting] Catatan lan referensi
[sunting] Delengen uga[sunting] Pranala njaba
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||