kothak pirantiBasa liyane
|
KometKomet punika benda angkasa ingkang mémper asteroid, nanging méh sedaya kabentuk saking gas (karbon dioksida, metana, air) lan lebu ingkang mbeku. Komet ndarbéni orbit utawi lintasan ingkang bentukipun elips, langkung lonjong lan dawa tinimbang orbit planet. Komet ingkang cerah mesthinipun narik kawigatosan tiyang kathah. [sunting] Ciri fisikNalika komet nyelaki bagéyan-lebet Tata Surya, radiasi saking srengéngé njalari lapisan és paling njawi nguap. Arus lebu lan gas ingkang kaasilaken mbentuk setunggaling atmosfer ingkang ageng nanging tipis sanget ing sakelilingipun komet, kasebat coma. Akibat tekanan radiasi srengéngé lan angin srengéngé ing coma puniki, kabentuk buntut raksasa ingkang nebihi srengéngé. Coma lan buntut komet mbalikaken cahya srengéngé lan saged kapirsani saking bumi menawi komet punika cekap celak. Buntut komet bénten-bénten bentuk lan ukuranipun. Sansaya celak komet kasebat kaliyan srengéngé, sansaya dawa buntutipun. Wonten ugi komet ingkang mboten ndarbéni buntut. [sunting] Ciri orbitKomet makaping-kaping ngililingi srengéngé, nanging peredaranipun mbetahaken wekdal ingkang lami. Komet dipunbéntenaken miturut rentangan wekdal orbitipun. Rentangan wekdal cendhak punika kirang saking 200 taun lan rentangan wekdal ingkang rowa punika langkung saking 200 taun. Sacara umum, bentuk orbit komet punika elips. [sunting] Komet misuwurWonten sapérangan komet ingkang misuwur, umpaminipun:
|