|
|
Dhiskusi Panganggo:TracySuryaPanganggé TracySurya, Sugeng rawuh ing Wikipédia Basa Jawi! Sawetawis pranala (link) punika saged panjenengan pirsani, utaminipun kagem panganggé ingkang taksih énggal ing Wikipedia:
[sunting] Pari lan sabanjuripunMatur nuwun belasungkawanipun! Mboten telat taksih kalih sasi kapengker kok. Dèrèng 100 dinten nanging sampun 40 dinten ketingalipun. Pas éyang séda kula wonten Walandi. Eyang dipunsarékaken ing Sala. Kula ugi lumayan asring wangsul dhateng Indonesia. Ingkang pungkasan punika ing sasi Fébruari-Maret. Kala samanten ugi nuwèni éyang. Eyang taksih lumayan seger kala samanten. Mboten susah dipunelih kok. Pari kaliyan wos punika kan sami mawon. Wos utawi beras punika kan pari tanpa kulit. Satunggal artikel mawon cekap kula kinten. Gambaripun sampun kula dandosi sedaya. Mbokmenawi seratanipun wau lepat. Saé-saé sedaya punika gambaripun :-) Meursault2004ngobrol 13:30, 13 Juli 2007 (UTC) [sunting] Santo PetrusUgi sugeng siyang,matur nuwun! Hmmm ... kula miwiti ingkang gampil rumiyin. Menawi dicurahkan kinten kula saged dipunpretal dipunsokaken utawi dipunsiram, utawi mbokmenawi saé dipunparingi utawi pinaringan. Kula mendhet cuplikan saking Alkitab (Para Rasul 2:1-2:4):
Menawi bertekun kula maos basa Indonesianipun kadosipun tegesipun punika kontèmplasi inggih? Dados tegesipun mboten "sregep" nanging mèmper semèdi. Meursault2004ngobrol 08:18, 19 Juli 2007 (UTC)
[sunting] AntarktikaOh inggih matur nuwun mbak Tracy, mangké kula waos artikelipun bab Antarktika! Ketingalipun saé. Salam! Meursault2004ngobrol 01:03, 6 Agustus 2007 (UTC)
[sunting] TuhanYèn miturut kula tembung ingkang umum tur lumrah punika "Gusti Allah". Nanging wonten asma "Allah" ingkang wonten gandhèngané kaliyan agami Islam. Ugi saged milih "Gusti" utawi "Pangéran". Nah tembung-tembung puniki ugi asring dipun-ginakaken. Supados tegesipun punika Tuhan saged dipuntambahi tembung "sang hyang", dados "Sang Hyang Gusti" utawi "Sang Hyang Pangéran". Menawi mboten tegesipun radi rancu. Meursault2004ngobrol 17:25, 8 Agustus 2007 (UTC)
[sunting] Amérika LorWah nuwun séwu mbak ... Kula wingi sampun nyerat wangsulan kok tibakipun mboten ke-saved nggih. Sampun kula padosi jajahan punika ing basa Jawi ugi "jajahan". Sayektinipun ing budaya Jawi wonten konsèp "Negari Agung", "Mancanegari" lan "Nusantara". "Mancangegari" punika sayektinipun ugi saged kaanggep "koloni" utawi "jajahan". Lajeng lor punika ing krama lèr, mangké kula gantos nggih :-) Meursault2004ngobrol 18:31, 22 Agustus 2007 (UTC) [sunting] BelasungkawaWah nuwun séwu kula mboten saged mbikak Wikipedia jv: saben dinten. Kula ugi turut atur bélasungkawa. Mugi-mugi ingkang rama dipunapurana dosa-dosanipun lan saged tinampan ing sisinipun Sang Hyang Bapa ing swarga. Mugi-mugi mbak Tracy saged tabah, mbokbilih kedah dedonga lan sembahyang kanggé ngobati rasa kangen ... Sapunika kula pinten minggu wonten ing Indonesia, dados mboten saged saben dinten internetan, punika sambunganipun radi angel tur awis nggih. Mangké menawi wonten lepat-lepatanipun kula benakaken nggih. Définisi punika kula ugi mboten mangertos nggih. Kula namung kémutan "surasa" lan "jarwa" Mbokmenawi sawetara wekdal saged dipunanggé tembung "dhéfinisi" nanging kirang saé. Salam. Meursault2004ngobrol 02:02, 19 September 2007 (UTC) [sunting] Nami panganggéInggih mugi-mugi saged tabah dipunlipur déning kulawargi kaliyan réncang-réncang. Samesthinipun kan ugi sembahyangan saben 3, 7 dinten kaliyan sabanjuripun? Kula punika kan birokrat dados saged ngganti nami. Kadospundi kersa dipun-gantos? Meursault2004ngobrol 08:49, 20 September 2007 (UTC)
[sunting] SeminarWah matur nuwun, nanging kula dèrèng rumaos pinter kok ... Nanging keleresan dipunundhang nggih remen-remen kémawon :-) BTW ing id: wonten tiyang ingkang ngusulaken artikel id:Puji Syukur dipunbusak. Mbokmenawi saged mbiyantu ngembangaken. Meursault2004ngobrol 09:26, 26 September 2007 (UTC)
[sunting] DanguWah dangu mboten aktif malih! Meursault2004ngobrol 20:29, 29 Oktober 2007 (UTC)
[sunting] Buku-bukuMenawi madosi buku-buku basa Jawi pancèn radi angèl wonten Jakarta. Sajatinipun nalika riyin wonten Ngayogyakarta utawi Surakarta :-) Mbokmenawi kedah fotokopi saking kapustakan. Kula piyambak nganggé bausastra lawas karangan Pigeaud (1939). Édhisi énggal weton taun 207 kula dèrèng tumbas. Lajeng édhisi Pusat Bahasa Jawa ing Yogya weton taun 1991 kula ugi dèrèng gadhah. Mbokbilih saénipun uga maos-maos kalawarti Jawi kados ta Panjebar Semangat, Damar Jati lan Jaka Lodhang. Oh nuwun sèwu e-mail dèrèng sempet kula bales ... Matur nuwun wilujengipun. borgx uga sampun kapilih! Meursault2004ngobrol 23:58, 19 November 2007 (UTC) [sunting] UdaraUdara punika wonten basa Jawi "udhara" utawi "angin", miturut kontèksipun. Meursault2004ngobrol 00:20, 20 November 2007 (UTC) [sunting] Salam KenalSalam kenal mbak Tracy, kula Slamet Serayu saking Purwokerto. Seneng, mbak Tracy melu aktif neng jv:, Slamet Serayu 08:26, 22 November 2007 (UTC)
O kados niku, ngiih pun mboten napa-napa. Mbak aku njajal ngopi isi Elmu saka id: ning akeh basa Inggrise. Slamet Serayu 06:17, 23 November 2007 (UTC) [sunting] Salam Kenal ugiSalam Kenal ibu/mbak Tracy, remen sanget saged sesambetan. Nuwun séwu bilih kumawantun ngèdit sawetawis ukara, nanging janipun langkung saé makaten, dados sacara mboten langsung nedahaken bilih artikel punika ugi dipun waos lan dipun reksa déning tiyang sanès. Semanten ugi artikel ingkang kawula terjemahaken nyuwun dipun korèksi amargi èstu kathah kakiranganipun. Kanthi mekaten saged saling asah asuh. Sampun dangu sanget kula boten naté nganggé basa Jawi, punapa malih basa krama, pramila sampun kathah ingkang kesupèn. Matur sembah nuwun, wilujeng majengaken Wiki JV, sinten malih manawi boten kita sami? Salam Pras 10:39, 28 November 2007 (UTC) Matur nuwun mbak Tracy, Waah lha mekaten menika lho sesahipun dados tiyang Jawi héhé, sampun sungkan, mangga dipun leresaken kémawon, kawula malah mongkog manawi wonten ingkang kersa maos lan ngorèksi artikel-artikel. Ingkang kados makaten menika sampun dados cirinipun wikipedia, langkung kathah ingkang ngédit nedahaken manawi topik artikel punika menarik (menarik, basa Jawinipun menapa inggih?), lan kanthi kathahing korèksi mugi-mugi dados langkung akurat. Kala rumiyin kula inggih naté manggèn wonten ing Magelang, wiwit taun 1969 ngantos 1972 (ngajeng Kampung Seneng pirsa?). Sapunika mbak Tracy ngasta wonten pundi? Kawula sampun pangsiun, dados wonten wekdal kanggé mikipedia. Semanten rumiyin, janipun taksih kathah ingkang badhé kawula tangletaken/dhiskusèkaken bab terjemahipun sawetawis tembung basa Indonesia dhumateng basa Jawi. Salam Bektos. Pras 06:19, 29 November 2007 (UTC) Kampung Seneng punika caket Pasaréyan Girilaya, saking protigan Bayeman ngidul sakedhik. Nanging ampun kebablasen dugi Salaman lho..hehe. Persis ngajeng pasaréyan wau, wonten ing lèrèngipun wredi Tidar, rumiyin panggénan kawula dikeplaki lan dipun celup wonten lèpèn Babèn, caket Magersari. Wah kok njur nostalgia. Sampun kangen kaliyan gethuk trio-nipun, ugi sadaya ingkang saking mrika, sebab sampun dangu saèstu mboten naté tuwi Magelang. Kawula gadhah yoga kalih, kalih-kalihipun èstri, sampun sami palakrama, nanging dèrèng kaparingan momongan. Remen sanget saged tetepangan kaliyan mbak Tracy, manawi wonten umur panjang mbokmanawi mbénjang-mbénjang saged pepanggihan. Salam Taklim. Pras 06:03, 30 November 2007 (UTC) [sunting] MagelangMatur suwun waleranipun, Wilujeng kondur Magelang kaping wolu Desember. Punapa mboten radi kénjangen manawi badhé liburan Natal? hehe. Manawi boten kawratan wonten Pé Èr sakedhik kanggé mangké liburan, inggih punika ungkrah-ungkrah lemantun kina, mbokmanawi manggih kamus jawi pepak, awit sapunika sampun sesah pados wonten ing Jakarta. Nanging manawi kathah acara inggih boten dados menapa, sampun ndadosaken panggalih. Wonten sawetawis tembung basa Indonesia ingkang kula sampun kesupèn jarwanipun ing cara Jawi, antawisipun:
lan taksih kathah malih janipun, nanging bénjang kémawon manawi nuju lodhang wekdalipun. Matur nuwun, wilujeng tindakan lan salam taklim. Pras 13:14, 3 Desember 2007 (UTC) [sunting] Damar JatiSami-sami, nanging artikel kalawarti punika dèrèng pepak, Mangké kula kintunaken per e-mail nggih nomor telpon saha alamat Damar Jati. Meursault2004ngobrol 02:26, 6 Desember 2007 (UTC) [sunting] Re:WayangTèks mawi basa Indonesia punika pun busak kémawon. Amargi mboten wonten nilai tambahan-ipun ing Wikipedia Jawi :-) Menawi miturut kula wayang punika saged dipun anggep tembung generik saluhuring Mahabharata kaliyan Ramayana. Kekalihipun kaanggep wayang purwa. Dados kados mekaten:
Punika pamérangan anggepan kula piyambak. Meursault2004ngobrol 06:28, 12 Desember 2007 (UTC) [sunting] Re:GathutkacaNggih miturut kula saged dipun busak. Menawi nami garwane kula dereng mangertos. Mbokbilih uga saged mirsani ing basa Inggris. Miturut Wikipedia en: nami garwanipun Ahilawati. Mbokmenawi nami kalih punika namung variasi 'ejaan mawon. Meursault2004ngobrol 09:33, 13 Desember 2007 (UTC) [sunting] Mikhailov KirowMaaf belum taruh ucapan di halaman pengguna TracySurya. [sunting] Kopi daratSampun kondur saking Magelang? Ugi sugeng warsa énggal! Mangké wonten rencana kopi darat ing dinten Kemis, punika dinten préi. Mbokmenawi saged maos ing kaca mriki. Salam! Meursault2004ngobrol 01:47, 6 Januari 2008 (UTC)
[sunting] TemplatSudah saya perbaiki, sekarang sudah sama. borgx(kirim pesan) 06:07, 14 Januari 2008 (UTC) [sunting] PangurusMbak Tracy sapunika sampun dados pangurus/kuncèn Wikipedia basa Jawi. Sugeng makarya! Mbokbilih saged maos kaca puniki: id:Pedoman_pengurus. Salam! Meursault2004ngobrol 03:45, 19 Januari 2008 (UTC)
[sunting] Deo VolenteTracySurya. Selamat ya Ciao. Parabéns! Mikhailov Kirow 03:15, 21 Januari 2008 (UTC)
[sunting] Re:PangurusMatur nuwun mbak, kula niki rak tiyang nganggur boten gadhah damelan, sinambi sinau mumpung boten bayar.. Mangke manawi lepat rak dipun leresaken dening mas Revi hehe. Oh inggih manawi sela mangga join wonten ing Milis Wiki jv ing ngriki, supados mangke manawi wonten dhiskusi utaminipun bab basa (katingalipun kula badhe asring takèn), mboten ngebaki server wiki. Matur nuwun Pras 10:57, 21 Januari 2008 (UTC) [sunting] Re:WaleranMatur nuwun waleranipun mbak Tracy, saiki wis tenang ana kamusé, dadi nèk bingung kari bengok-bengok, merga isih akèh tembung sing angèl dijarwakaké menyang basa Jawa. Muga-muga konputeré ndang mari soalé krungu-krungu jaré sasi Maret ngarep iki jv arep ambal warsa telung taun, dadi nèk artikelé tambah akèh lan saben dina ana owah-owahan rak nyenengaké. Matur nuwun. Salam. Pras Kothak pesen11:12, 23 Januari 2008 (UTC) [sunting] Badhak JawaMatur nuwun sudah menerjemahkan, tetapi, aku dah robah sitik dgn data dari WWF Mimihitam 11:56, 5 Februari 2008 (UTC) [sunting] Anggur lan anggur (woh)Sampun kula gabung. Menawi wonten kasus mekaten biyasanipun ing Wikipedia Indonesia ingkang langkung énggal dipun-busak lan isinipun dipun-gabung. Nanging wonten mriki wonten 'toleransi' sekedhik, dados kula gabung kémawon, nanging caranipun radi angèl. Dados dipun-gabung riyin lajeng dipun-busak lan salajengipun dipun-wangsulaken. Meursault2004ngobrol 09:30, 18 Februari 2008 (UTC)
[sunting] Laskar PelangiMangga mbak tulung dipun-pirsani Dhiskusi:Laskar Pelangi. Meursault2004ngobrol 09:42, 18 Februari 2008 (UTC) [sunting] Usul Artikel PilihanMbak Tracy, supaya ora "kefèfèt" apiké usul AP ora kemèpèten dadi bisa didandani dhisik yèn isih ana kakurangané. Kanggo sasi April tak coba ngusulaké atikel Kartini ing kéné, nyuwun panemu (sarujuk, ora sarujuk utawa ana usul liya. Lha nèk sarujuk ya nyuwn rilaning penggalih kita kroyok ramé-ramé mepaki lan ndandaniné, mumpung arep libur dawa tanggal 21 Maret. Matur nuwun. Pras 22:25, 1 Maret 2008 (UTC) [sunting] Re:HambatanMenawi miturut bausastra Sugiarto dkk. (Kamus Bahasa Indonesia-Daerah Gramedia 1993),hambat: "alang, cegat". dihambat: "direndhet, dicegat", menghambat: "ngalangi, mepeti", terhambat: kacegatan. Kinten kula menawi kembang utawi berkembang saged dipun-terjemah "tuwuh" utawi "tumuwuh". Mugi-mugi saged nulungi. Meursault2004ngobrol 08:52, 3 Maret 2008 (UTC)
[sunting] Re:KartiniInggih kedah dipun-terjemahaken, mangké kula padosi mbokmenawi saged manggihi édisi basa Jawi serat-serat Kartini. Meursault2004ngobrol 09:03, 4 Maret 2008 (UTC) [sunting] IncubatorSampun ndamel rékening saha nyerat sawetawis ing mriki http://incubator.wikimedia.org/wiki/Wb/jv ? Nuwun sèwu lho, nanging supados gol kedhah panganggé kathah :-) Nyunting napa mawon. Matur nuwun sadèrèngipun! Meursault2004ngobrol 05:52, 23 April 2008 (UTC)
[sunting] Tempat menulis suratHai Tracy, saya minta tolong untuk membetulkan cara pengiriman surat di halaman pembicaraan saya. Terima Kasih. Mikhailov Kirow 11:49, 2 Mei 2008 (UTC)
[sunting] Re:Kulon lan kilenSampun kula gabung. Salam! Meursault2004ngobrol 08:08, 3 Juni 2008 (UTC) [sunting] Re:BimaWah sugeng salam ugi! Kula ningali fotonipun panjenengan wonten Wikimedia napakastani serat kaliyan pak Pras. Bimo sampun kula dadosaken redirect menyang Bima amergi artikelipun namung cekak kémawon. Kula sapunika sibuk sanget, nuwun sèwu saha matur nuwun saged nyerat2 wonten wikinews. Sapunika kula taksih wonten Mesir. Salam saking Mesir! Mugi-mugi panjenengan kaliyan rémcang2 saged dhateng ing Buenos Aires taun ngajeng. Meursault2004ngobrol 10:31, 22 Juli 2008 (UTC) [sunting] BreakmBak Tres, nyuwun duka, wis sawetara wektu iki aku absen saka wiki jalaran lagi nunggu ibu gerah ing Semarang, nyuwun pidongané waé muga-muga ibu énggal saras.Pras 20:19, 13 Agustus 2008 (UTC) [sunting] Neton vs neptuInggih kadosipun neton punika namung variasi éjaan saking neptu + an. Nanging kula mboten pesthi ... Mangké kula pikir riyin nggih. Meursault2004ngobrol 08:08, 24 Agustus 2008 (UTC)
Sampun kula gabung sajarahipun, neton kaalihaken marang neptu. Meursault2004ngobrol 05:55, 25 Agustus 2008 (UTC) |