kothak pirantiBasa liyane
|
Basa Jawa
Basa Jawa iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basa-basa sing dienggo sawarna-warnane bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning banawa Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Saliyané iku, basa iku kasebar ing Indonesia saka Sumatra nganti Papua, Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao lan ing Kaledonia Anyar. Basa Jawa ya dadi salah siji panyumbang paling gedhé kanggo panuwuhané basa Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamaréntahan, basa Jawa iku nduwé pangaruh tinimbang basa-basa daérah liyané kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo istilah Jawa.
[sunting] BubukaBasa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saka pang basa Melayu-Polinesia sing gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sedulur cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra serta Kalimantan. Basa Jawa dipituturaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé keraton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping-18. Basa Jawa bisa kaanggep salah sijining basa klasik ing donya, basa iki nduwé sajarah kasustran sing wis lawas banget. Lawasé luwih saka 12 abad. Para pakar basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing patang tahap:
Basa Jawa iku ditulis mawa aksara Jawa, (salah sijining keturunan aksara Brahmi saka India), aksara Jawa-Arab (pegon) lan aksara Latin. Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi waé, basa Jawa iku basa Austronesia sing akèh dhéwé cacahé panutur ibuné. Basa iki dipituturaké lan dimangertèni kurang luwih déning 80 yuta jiwa wong. Kurang luwih 45% pedunung negara Indonesia keturunan Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Enam saka limang presidhèn Indonesia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatiné kabèh keturunan Jawa, B.J. Habibie uga ngaku yèn ibuné priyayi Jawa). Dadi ora gumunaké yèn basa Jawa mènèhi pangaruh akèh ing perkembangané basa Indonesia. Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung dhialèk: dhialek Jawa Kulon, dhialek Jawa Tengah, lan dhialek Jawa Wétan. Ing pulo Jawa ana apa sing diarani dialect continuum ('kasinambungan dhialèk') saka Banten ing ujung kulon tekan Banyuwangi, ing pucuk wétan. Kabèh dhialèk basa Jawa kurang luwih bisa dingertèni para panuturé (basa Inggris mutually intelligible). [sunting] FonologiFoném basa Jawa modhèrn lan baku iku: [sunting] Swara (vokal)Swara:
[sunting] Wyanjana (konsonan)Konsonan (Wyanjana):
Pènget: Foném mawa tandha * iku alofon. [sunting] Dhialèk-dhialèk basa JawaBasa Jawa iku akeh banget cara pituturane. Ana dialek sosial sing dibagi miturut hirarkhi saka kasar tekan alus dadi : ana basa sing mligi digunakake kanggo keperluan resmi karaton
inggih punika basa sing diganti aksara konsonane miturut urutan honocoroko. contone : Dagadu ( artine matamu), Jape methe (artine cahe dewe), lsp. Saliyané kuwi, ana dhialèk sing didasarke tlatahe lan ora sekabehe dhialèk Jawa kuwi dimangarteni karo kabeh wong Jawa. Ing ngisor iki kapacakaé pamérangan miturut sawetara pakar ahli basa Jawa: Poerwadarminta lan Uhlenbeck. Saliyané iku uga ditambah pamérangan Wurm lan Hattori. Wurm lan Hattori nggambar péta pamérangan dhialèk Jawa. Pamérangan para pakar iki rada séjé lan ora sarujuk siji lan sijiné. [sunting] Pamérangan PoerwadarmintaMiturut Poerwadarminta dhialèk-dhialèk kuwi ing bukuné Sarining Paramasastra Djawa (1953:2):
[sunting] Pamérangan UhlenbeckDhialek-dhialek kuwi miturut ahli basa Walanda E.M. Uhlenbeck ing bukuné A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura (1964), dikelompokaké dadi 3 (telung) rumpun yaiku :
Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa ngapak ngapak utawa basa penginyongan.
Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa baku.
Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa timuran. [sunting] Pamérangan Wurm lan HattoriWurm lan Hattori (1983:39) mérang dhialèk-dhialèk basa Jawa ing pulo Jawa dadi 7 bagiyan:
[sunting] Cathetan sikil
[sunting] Mugi mirsani
[sunting] Sumber
[sunting] Pranala jabaWikibooks ndarbèni artikel ngenani
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||