Alan Turing
Alan Mathison Turing (23 Juni 1912 - 7 Juni 1954) iku sawijining panliti matématika lan komputer, lan pahlawan perang Inggris.
Panjenengané iku salah siji saka panliti-panliti komputer modhérn digital sepisanan. Kejaba iku panjenengané dadi wong kang sepisanan menggalih migunaaké komputer kanggé manéka warna kaperluan. Panjenengané nelaaké menawa komputer bisa nglakokaké manéka warna program.
Panjenengané uga mènèhaké gagasané bab mesin Turing, mesin kang bisa nglakokaké sakumpulan préntah.
Turing uga nyetusaké tes Turing. Asmané didadèaké langgeng kanthi jeneng Penghargaan Turing.
[sunting] Pranala njaba
|