|
|
Adigang, adigung, adiguna
Paribasan iki tegesé, wong aja ngandhelaké kaluwihané dhéwé waé.
Adigang iku tegesé: kakuwatané.
Adigung iku tegesé: gedhéné.
Adiguna iku tegesé: kapinterané.
Tetembungan iki tau ditembangaké ing karya tembang anggitané sampeyan dalem ingkang sinuwun Sunan Pakubuwana IV ing Serat Wulang Reh.
- Gambuh
- wonten pocapanipun,
- adiguna adigang adigung,
- pan adigang kidang adigung pan èsthi,
- adiguna ula iku
- telu pisan mati sampyoh.
|